31 Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wruhanira, Ingsun wus miwiti ngulungake Sihon dalah tanahe marang sira, kang iku sira miwitana ngenggoni tanahe supaya dadia darbekira.
Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”
Mara, sira budhala, nyabranga ing kali Arnon. Wruhanira, Ingsun ngulungake Sihon, ratu ing Hesybon, wong Amori iku, dalah nagarane marang ing tanganira; sira miwitana ngejegi nagarane lan nempuha perang marang Sihon.
Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.