Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:30 - Kitab Sutji

30 Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:30
14 Iomraidhean Croise  

Dadine Sang Prabu ora karsa njurungi panyuwune rakyat, sabab bab iku pancen owah-owahan kang dikarsakake dening Pangeran Yehuwah, supaya Sang Yehuwah saged netepi pangandikane lumantar Nabi Ahia, wong Silo, marang Yerobeam bin Nebat.


Dadine Sang Prabu ora karsa minangkani panyuwuning rakyat, sabab lelakon iki wus manut pepesthening Allah, supaya Pangeran Yehuwah netepi pangandikane lumantar Nabi Ahia, wong Silo, marang Yerobeam bin Nebat.


Nabi Musa lan Rama Harun wus padha nindakake sakehe kaelokan iku ana ngarsane Sang Prabu Pringon. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Bani Israel padha metu saka ing nagarane.


Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Atine Pringon iku wangkot, ora gelem nglilani lunga bangsa iku.


Awit saka iku Ingsun sumurup, manawa sira iku wangkal, wangkot lan nggugu karepira dhewe,


Paduka badhe mangkotaken manahipun, mugi sami kadhawahana laknat Paduka.


Nanging Sang Prabu Sihon ora nglilani wong Israel ngliwati wewengkone, malah banjur nglumpukake wadya-balane kabeh, lan methukake wong Israel menyang ing pasamunan; satekane ing Yahas banjur nempuh perang nglawan Israel.


Sabanjure padha minger nglurug menyang ing tanah Basan. Sang Prabu Og ratu ing Basan banjur methukake kalawan wadya-balane njujug ing Edrei.


Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira aja wedi karo wong iku, marga iku Sunulungake ing tanganira dalah rakyate kabeh apadene nagarane. Kabeh iku sira etrapana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon ratune wong Amori kang manggon ana ing Hesybon.”


Yehuwah banjur ngandika marang aku: Wruhanira, Ingsun wus miwiti ngulungake Sihon dalah tanahe marang sira, kang iku sira miwitana ngenggoni tanahe supaya dadia darbekira.


Nanging Sang Prabu Sihon boten pitados dhateng tiyang Israel ingkang badhe lumampah nglangkungi tlatahipun punika malah lajeng ngempalaken wadya-balanipun sadaya. Panjenenganipun makuwon wonten ing Yahas, lajeng nempuh perang nglawan tiyang Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan