Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:3 - Kitab Sutji

3 Wus cukup suwe anggonira padha lumaku ngubengi pagunungan iki, samengko sira menggoka mangalor;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:3
6 Iomraidhean Croise  

Mangkono maneh manawa megane anggone mandheg ana ing sadhuwure Tarub Suci iku nganti rong dina, utawa nganti sesasi utawa luwih, wong Israel iya tetep lereb, ora budhal; nanging samangsa megane mumbul, banjur lagi padha budhal.


“Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;


Anadene lawase anggon kita padha nglembara saka ing Kadesy-Barnea nganti tekan ing sabrange kali Zered mau, telung puluh wolu taun, nganti sagolonganing para prajurit iku wus padha sirna kabeh saka ing pakemahan, kaya anggone wus padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah kalawan supaos;


Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku mangkene:


sarta para umat dhawuhana mangkene: Sadhela engkas sira padha lumaku ngliwati tlatahe sadulurira, bani Esap, kang padha manggon ing pagunungan Seir, iku bakal padha wedi marang sira, nanging sira padha dingati-ati kang banget;


Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mberkahi kowe ing sabarang gegaweaning tanganmu. Panjenengane wus ngayomi panglembaramu ana ing pasamunan kang jembar ngilak-ilak iku. Salawase patang puluh taun iki Sang Yehuwah, Gusti Allahmu tansah nunggil karo kowe, temah kowe ora nganti padha kekurangan apa-apa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan