Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:29 - Kitab Sutji

29 inggih kados anggen kawula dipun lilani dening bani Esap ingkang manggen wonten ing pareden Seir lan dening bangsa Moab ingkang manggen wonten ing Ar, ngantos kawula sami nyabrang ing lepen Yarden, lumebet dhateng ing nagari ingkang dipun paringaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula dhateng kawula.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:29
15 Iomraidhean Croise  

Kang tuwa banjur duwe anak lanang dijenengake: Moab, iya iku kang dadi leluhure bangsa Moab ing saiki iki.


Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.


Nanging wangsulane wong Edom: “Sampeyan boten kenging langkung ing talatah kula, awit temtu badhe kula papagaken kalayan pedhang.”


Wruhanira, nagara iku wus Sunulungake marang sira; padha lumebua, manggona ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang leluhurira Abraham, Iskak lan Yakub, yen bakal kaparingake marang dheweke kabeh lan saturun-turune.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku: Sira aja nglawan marang Moab lan aja nempuh bangsa iku, awitdene sira bakal ora Sunparingi apa-apa saka ing nagarane kang banjur dadi darbekira, marga tanah Ar iku wus Sunparingake marang bani Lut dadi darbeke.


Nanging Pangeran Yehuwah ora karsa nyembadani marang Bileam, malah ipat-ipate diwalik dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dadi berkah awit Pangeran Yehuwah. Gusti Allahmu, ngasihi marang kowe.


Watu timbanganmu kudu kang wutuh lan cocog; lan takeranmu efa kudu kang wutuh lan cocog, supaya kowe didawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.


“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.


Nanging Pangeran Yehuwah banjur duka marang aku marga saka kowe, lan supaos, yen aku ora bakal nyabrang ing bengawan Yarden lan ora lumebu ing tanah kang becik kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu.


Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”


Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, maran sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.


Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan