26 “Aku tumuli nglakokake kongkonan saka ing pasamunan Kedemot menyang ing ngarsane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, kalawan tetembungan kang murih bedhami, surasane:
Banjur padha kintun serat marang sakehing wong Yahudi ing dhaerah satus pitulikur, wewengkoning karajane Sang Prabu Ahasyweros, kanthi tetembungan; salam pandonga lan kamantepan,
sawuse nggecak marang Prabu Sihon, ratune bangsa Amori, kang akedhaton ana ing Hesybon, lan marang Prabu Og, ratu ing Basan, kang akedhaton ana ing Asytarot, ing sacedhake Edrei.
Tiyang Israel tumunten nglampahaken utusan dhateng Sang Prabu Sihon, ratunipun tiyang Amori, ratu ing Hesybon. Aturipu Israel dhateng panjenenganipun: Kawula mugi sami kalilana lumampah nglangkungi nagari dalem punika ngantos dumugi ing papan ingkang kawula sedya.