Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:24 - Kitab Sutji

24 Mara, sira budhala, nyabranga ing kali Arnon. Wruhanira, Ingsun ngulungake Sihon, ratu ing Hesybon, wong Amori iku, dalah nagarane marang ing tanganira; sira miwitana ngejegi nagarane lan nempuha perang marang Sihon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:24
11 Iomraidhean Croise  

“Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Sakehe karajan ing bumi wus kaparingake marang ingsun dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe saindenging langit. Panjenengane dhawuh marang ingsun supaya yasa padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem, kang ana ing Yehuda. Panunggalanira kang kagolong umate, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, muga nunggila kalawan wong iku – iku sunparengake mulih!”


“Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing karajan ing bumi marang ingsun; Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda.


Ingsun iki kang nitahake bumi, manungsa lan kewan kang padha ana ing bumi, kalawan kakiyataningSun kang gedhe lan astaningSun kang Sunegarake sarta Ingsun maringake iku kabeh marang wong, kang Sunanggep sembada ana ing ngarsaningSun.


Nebukadnezar bakal Sunparingi tanah Mesir minangka ganjaran tumrap apa kang wus dilakoni, sabab wus tumindak ing gawe kagem Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


saha ingkang astanipun sampun kapasrahan dening Panjenenganipun, anak-anaking manungsa ing pundi-pundi panggenan, kewan-kewan ing ara-ara tuwin peksi-peksi ing awang-awang, saha ingkang kajumenenganken dados ingkang nguwaosi punika wau sadaya – inggih gusti kawula punika ingkang jumeneng sesirah kencana wau.


Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.


Nuli padha budhal saka ing kono, sarta lereb ana ing lebake kali Zered.


Wiwit saka ing Aroer, kang kaprenah ana ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang ana ing lebak saurute kali, nganti tekan ing tanah Gilead, ora ana kutha siji-sijia kang ora karayud marga saka santosane, awit kabeh diulungake dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.


Nalika kaping pitune, bareng para imam ngunekake kalasangka, Senapati Yusak banjur dhawuh marang wong kabeh: “Padha surak-suraka, amarga Pangeran Yehuwah wus maringake kutha iki marang kowe!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan