Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:23 - Kitab Sutji

23 Uga wong Awi, kang padha manggon ing desa-desa nganti tekan ing Gaza, iku padha dibengkas dening wong Kaftor, kang pinangkane saka ing Kaftor; wong Kaftor iku nuli padha manggon ana ing kono nggenteni bangsa mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:23
16 Iomraidhean Croise  

bangsa Patrusim, bangsa Kaslukhim lan bangsa Kaftorim, yaiku kang nurunake bangsa Filisti.


Wilayahe bangsa Kanaan iku, yaiku wiwit saka ing Sidon, ing urute Gerar tekan ing Gaza, ing penere Sodom, Gomora, Adma lan Zeboim tutug ing Lasa.


amarga panjenengane ngwaosi saindenging tanah ing sisih kenene bengawan Efrat, wiwit saka Tifsakh nganti tekan Gaza, apadene ngereh sakehing ratu ing sisih kenene bengawan Efrat, sarta kaparingan tentrem ana ing saindenging nagarane,


Iya Sang Prabu Hizkia iku kang ngawonake wong Filisti nganti tekan ing Gaza lan nyirnakake dhaerahe, iya panggung-panggunging pajagan lan iya kutha-kuthane beteng.


wong Patrusim, wong Kaslukhim – iki kang padha nurunake wong Filisti – lan wong Kaftorim.


Mangkono uga marang bangsa campurane bangsa warna-warna, para ratu ing tanah Us; para raja ing tanah Filisti, yaiku ing Askelon, Gaza, Ekron lan para wong kekarene kang ana ing Asdod;


jalaran wus tumeka ing dinane tumrap panumpesing sakehe wong Filisti lan anggone nyirnakake sadhengah pambiyantu kang isih ana tumrap Tirus lan Sidon. Lah, Sang Yehuwah bakal numpes wong Filisti, yaiku kekarening wong kang teka saka ing pulo Kaftor.


“He wong Israel. Sira iku tumrap Ingsun rak padha bae kaya wong Etiopia?” – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –. “Israel rak wus Sunirid metu saka ing tanah Mesir, wong Filisti saka ing Kaftor, lan wong Aram saka ing Kir?


Anadene Gaza bakal ditinggal ing wong, lan Askelon dadi sepi; ing wayah tengange para kang manggon ing Asdod bakal katundhungan sarta Ekron bakal kaobrak-abrik.


Askelon bakal nyipati temah wedi; uga Gaza, banjur luwih banget getere; Ekron iya samono uga, marga pangarep-arepe ora katutugan. Ratune bakal kasirnakake saka ing Gaza, lan Askelon bakal dadi suwung.


Sadaya bangsa lan sadaya umat kadadosaken dening Panjenenganipun saking tiyang satunggal, supados sami ngenggeni jagad punika sadaya punapadene Panjenenganipun sampun namtokaken mangsa-mangsa tuwin wates-watesing pamanggenipun.


Senapati Yusak anggone nggecak mungsuhe iku wiwit ing kutha Kadesy-Barnea nganti tutug ing Gaza, uga sawratane tanah Gosyen nganti tutug ing Gibeon.


Ora ana bangsa Enak kang isih ana ing nagarane wong Israel, kejaba mung kang ana ing Gaza, ing Gat lan Asdod, ing kono kang isih ana.


wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, – iku kaetung tanahe wong Kanaan; – panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, – apadene bangsa Awi


Asdod karo sakehe kutha lan desa-desa wewengkone, Gaza karo sakehe kutha lan desa wewengkone, nganti tutug ing kali ing tanah Mesir, ing Sagara Gedhe lan pasisire.


Sabanjure taler Yehuda ngrebut kutha Gaza sawewengkone lan Askelon sawewengkone, apadene Ekron sawewengkone.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan