PANGANDHARING TORET 2:22 - Kitab Sutji22 kaya kang wus ditindakake dening Sang Yehuwah tumrap bani Esap kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, nalika Panjenengane numpes bangsa Hori, temah padha ngendhih tanahe sarta tumuli nggenteni manggon ana ing kono nganti saprene. Faic an caibideil |
Dhek biyen pagunungan Seir iku dienggoni dening bangsa Hori, nanging bani Esap wus ngejegi wilayahe, sarta bangsa iku ditumpes lan kasirnakake, bani Esap iku banjur padha ngenggoni tilas panggonane nggenteni wong-wong iku, padha kaya kang wus ditandukake dening wong Israel tumrap tanah-pusakane kang kaparingake dening Sang Yehuwah.