Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:21 - Kitab Sutji

21 iku bangsa kang gedhe lan akeh cacahe, dedege kayadene bangsa Enak, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadekake tumpese bangsa mau ana ing ngarepe bangsa Amon, temah bangsa iki banjur padha ngendhih tanahe sarta nggenteni manggon ana ing kono;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:21
8 Iomraidhean Croise  

Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.


Tanah iku iya dikira nagarane bangsa Refaim; pancen maune bangsa Refaim kang ngenggoni, nanging wong Amon padha ngarani bangsa Zamzumim;


kaya kang wus ditindakake dening Sang Yehuwah tumrap bani Esap kang padha manggon ana ing pagunungan Seir, nalika Panjenengane numpes bangsa Hori, temah padha ngendhih tanahe sarta tumuli nggenteni manggon ana ing kono nganti saprene.


Mung Prabu Og, ratu ing Basan, iku kang isih sugeng saka ing antaraning kekarene wong Refaim; anadene pasareane iku pasarean wesi; iku rak isih ana ing Raba ing wewengkone bani Amon! Dawane sangang asta, lan ambane patang asta, miturut ukuran asta umum.”


Panjenengan dalem punapa boten badhe ndarbeni ingkang dados peparingipun Sang Kamos, allah panjenengan dalem? Makaten ugi kawula, inggih ngebeki sadaya ingkang sampun karebat dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula kangge kawula sadaya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan