nalika nyandhak patbelas taune, Sang Prabu Kedorlaomer karo para raja kang mbiyantu padha nggecak bangsa Refaim ing Asyterot-Karnaim, bangsa Zuzim ing Ham, bangsa Enim ing Syawe-Kiryataim
iku bangsa kang gedhe lan akeh cacahe, dedege kayadene bangsa Enak, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadekake tumpese bangsa mau ana ing ngarepe bangsa Amon, temah bangsa iki banjur padha ngendhih tanahe sarta nggenteni manggon ana ing kono;
Mung Prabu Og, ratu ing Basan, iku kang isih sugeng saka ing antaraning kekarene wong Refaim; anadene pasareane iku pasarean wesi; iku rak isih ana ing Raba ing wewengkone bani Amon! Dawane sangang asta, lan ambane patang asta, miturut ukuran asta umum.”