Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 2:15 - Kitab Sutji

15 sarta astane Sang Yehuwah uga nglawan wong-wong mau, padha ditumpes lan kasirnakake saka ing pakemahan nganti entek kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 2:15
13 Iomraidhean Croise  

mulane Pangeran banjur ngagagake astane marang para leluhur, arep padha dipateni ana ing ara-ara samun,


amargi rinten dalu asta Paduka awrat pametekipun dhateng kawula sungsum kawula ngantos garing, kadosdene ngeraking mangsa benter. (Selah)


Mulane dina-dinane kadamel sirna tanpa tanja, sarta taun-taune padha sirna sajroning pagiris.


Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah, sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule; astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine, sarta bebendune marang para satrune.


padha sira dhawuhana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah: Demi Ingsun agesang, mesthi sira padha Suntanduki apa kang wus padha sira ucapake ana ing ngarsaningSun.


Ewadene panunggalane kang akeh padha ora ndadekake keparenge Gusti Allah, ujer padha katumpes ana ing pasamunan.


Nanging sanadyan kowe wis padha ngreti sarta ora mangu-mangu tumrap iku kabeh, aku kapengin ngelingake kowe, manawa Pangeran iku pancen ngentasake umat kagungane saka ing tanah Mesir, nanging sabanjure numpes kang padha ora pracaya.


Menyanga ngendi bae pangluruge padha dilawan dening astane Sang Yehuwah, temah nemu tiwas, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah kalawan supaos, temahan padha banget susahe.


Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” Amarga ing sawratane kutha kono ana gegering pepati; astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong ing kono.


Astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong Asdod sarta gawe bingunge wong-wong iku. Panjenengane ngganjar lelara wudun marang wong-wong iku, iya ing Asdod iya ing wewengkone.


Nanging bareng dielih mrana, astane Sang Yehuwah ndhatengake pageger gedhe tumrap marang kutha iku. Panjenengane nggebag wong ing kutha iku, bocah-bocah lan para wong tuwa temah padha wudunen.


Mangkono wong Filisti iku ditelukake lan ora mlebu ing tlatah Israel maneh. Astane Sang Yehuwah nglawan wong Filisti sasugenge Nabi Samuel,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan