nalika nyandhak patbelas taune, Sang Prabu Kedorlaomer karo para raja kang mbiyantu padha nggecak bangsa Refaim ing Asyterot-Karnaim, bangsa Zuzim ing Ham, bangsa Enim ing Syawe-Kiryataim
Yisbi-Benob, kang kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure – boboting tumbake telung atus sekel tembaga lan nyengkelit pedhang kang anyar – ngira bisa nyedani Prabu Dawud.
kang diliwati dhisik tanah Negeb, banjur tekan ing Hebron; Ahiman, Sesai lan Talmai, turune Enak padha manggon ing kono. Mungguh madege Hebron iku luwih dhisik pitung taun tinimbang Soan ing tanah Mesir.
Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.