Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 19:4 - Kitab Sutji

4 Anadene mungguh wong gawe pati kang ngungsi mrono supaya bisaa lestari urip, iku pathokane mangkene: Wong kang njalari patine pepadhane tanpa kajarag, lan ora duwe sengit marang wong mau ing sadurunge,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 19:4
12 Iomraidhean Croise  

Kajaba saka iku Yakub iya niteni polatane Pak Laban, saiki tangkepe wis beda karo sing uwis-uwis.


Unjuke wong wadon iku: “Mugi Sang Prabu tansah enget dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem, supados pun waris pulih rah punika sampun ngantos kekathahen anggenipun nuwuhaken karisakan lan sampun ngantos sami mejahi anak kawula punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Demi Sang Yehuwah agesang, ora bakal ana rambut saeler-elera kang runtuh saka sirahe anakira ing bumi.”


Nalika Sang Prabu Saul ngasta paprentahan, sampun lami anggen paduka mimpin mobah-mosikipun tiyang Israel. Sarta Pangeran Yehuwah, Gusti Allah paduka, sampun ngandika dhateng paduka: Sira kang kudu ngengon umatingSun Israel, lan iya sira iku kang dadi ratuning umatingSun Israel.”


Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen – iku rak kanggo raja – dhasare kagawe jero lan amba, pancakane kebak geni lan kayu; napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang.


Kutha-kutha iku padha dadia pangungsenira kanggo ngoncati wong kang duwe wewenang males, supaya wong kang gawe pati iku aja nganti dipateni sadurunge kaajokake marang ing parepataning umat supaya diadili.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:


Dalane tetepna dohe, lan tlatahe tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadia darbekmu iku perangen dadi telu, supaya saben wong kang gawe pati bisaa ngungsi mrono.


kayata: Ana wong lumebu ing alas karo kancane arep negor kayu, nalika tangane mbabitake wadunge arep negor kayu, wesine wadung mlesat saka ing garane, ngenani kancane, temah mati; iku nuli ngungsia menyang salah sijine kutha iku mau kareben tetep urip.


Supaya waris pulih getih iku ing sajrone panas atine, anggone mburu marang wong kang gawe pati mau arep dicekel lan dipateni aja nganti ketututan, marga lete adoh, mangka kang gawe pati mau ora sapatute nampani paukuman pati, marga mau-maune pancen ora nduweni rasa sengit.


supaya wong kang mateni pepadhane tanpa kajarag lan iya ora marga disengiti ing sadurunge, bisa ngungsi mrono, temah manawa ngungsi menyang ing salah sijine kutha iku, bisa lestari urip.


Mung bae anaa lete ing antarane pethi lan kowe, kira-kira rongewu asta, sarta pethi iku aja kokcedhaki, perlune kowe supaya weruha dalan kang bakal kokambah, amarga kowe biyen durung tau ngambah ing dalan kono.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan