Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 19:3 - Kitab Sutji

3 Dalane tetepna dohe, lan tlatahe tanah kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dadia darbekmu iku perangen dadi telu, supaya saben wong kang gawe pati bisaa ngungsi mrono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 19:3
8 Iomraidhean Croise  

Ing kono bakal ana lurunge, kang bakal kaaranan Dalan Suci; wong kang najis ora bakal liwat ing kono sarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.


Ana kang ngandika: “Bukaken, bukaken, nyawisna dalan, singkirna watu sandhungan kang ana ing dalaning umatingSun!”


Lumakua, lumakua metu ing gapura, nyawisna dalan kanggo umat, bukaken, bukaken lurunge gedhe, singkirna watu-watune, masanga gendera kanggo para bangsa!


kowe banjur miliha kutha telu ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang kokejegi iku.


Anadene mungguh wong gawe pati kang ngungsi mrono supaya bisaa lestari urip, iku pathokane mangkene: Wong kang njalari patine pepadhane tanpa kajarag, lan ora duwe sengit marang wong mau ing sadurunge,


“Anadene samangsa kowe wus kelakon lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, sarta wus kokejegi lan kokenggoni,


Nanging Pangeran Yehuwah banjur duka marang aku marga saka kowe, lan supaos, yen aku ora bakal nyabrang ing bengawan Yarden lan ora lumebu ing tanah kang becik kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu.


sarta jejegna lakune sikilmu, supaya kang pincang aja nganti kongsul, nanging dadi waras.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan