Kawula sampun Paduka ulungaken dhateng hawa nepsunipun satru kawula, awit sampun wonten seksi-seksi dora ingkang sami nglawan kawula, kaliyan tiyang-tiyang ingkang kadunungan dereng badhe niksa.
Ing kono Sang Prabu banjur banget sukane sarta paring dhawuh, supaya Sang Dhaniel kainggahake saka ing luweng. Sang Dhaniel tumuli kainggahake saka ing luweng, lan pinanggih ora ana tatune apa-apa, marga saka anggone kumandel marang Allahe.
lan manawa prakara iku dikandhakake marang kowe utawa kokrungu wartane, iku nuli titi-priksanen kang tliti, saupama nyata lan genah ana kadadean mangkono, dadi jejember iku mau wus kelakon ana ing antarane wong Israel,