nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.
Manawa ana prakara kudu tumindak dadi hakim sarta anggone ngakimi kudu manut ing pranatan-pranataningSun. Ing dina-dina gedhe kagunganingSun para imam kudu nindakake angger-anggeringSun lan katetepan-katetepaningSun sarta dina-dina Sabatingsun kudu disucekake.
“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.
yaiku marang para imam wong Lewi lan marang hakim kang ana ing wektu iku lan nyuwuna putusan. Iku kang bakal padha mratelakake putusaning hakim marang kowe.
Para imam bani Lewi banjur padha majua, awitdene iku kang padha dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya padha ngladeni Panjenengane lan andum berkah atas asmane Sang Yehuwah; sarta karampungane sadhengah para-padu lan sadhengah raja-tatu iku mituruta ing putusane.