Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 19:13 - Kitab Sutji

13 Wong kang kaya mangkono iku aja kokwelasi. Kaya mangkono anggonmu ngilangi getihe wong kang resik saka ing Israel, supaya kowe ginanjara slamet.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 19:13
17 Iomraidhean Croise  

Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.


Lan sapunika sadaya sanak-sadherek sami nggigat dhateng abdi dalem sarta wicanten: Anakmu kang mateni sadulure iku ulungna, arep dak pateni, minangka gantine nyawane sadulure kang dipateni iku lan aku iya arep numpes ahli warise. Tiyang punika sami badhe numpes turun kawula ingkang taksih kantun, temah semah kawula boten nilar nama wonten ing salumahing bumi.”


Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.”


banjur dipetak bareng karo balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan kang putra ana ing tanah Benyamin, ing Zela, ing pasareane Sang Kisy, kang rama. Wong padha nindakake sakehe dhawuhe Sang Prabu Dawud; dene sawuse iku Gusti Allah nyembadani pandonga tumrap nagara iku.


Pangandikane Sang Prabu: “Tindakna kaya dene kang diucapake. Patenana wong iku lan banjur kuburen; kalawan mangkono sira ngedohake saka ingsun lan kulawarganingsun kaluputan ing bab getih kang diwutahake dening Yoab tanpa sebab.


Ora ana siji-sijia kang ngrasa welas marang sira kang banjur nandukake iku mau marang sira marga saka anggone kadunungan rasa welas; sira malah nuli kabuwang menyang ing ara-ara, amarga nalika lairira kaanggep tanpa aji dening wong.


Mangkono maneh manawa ana wong kang mateni sadhengah wong, iku poma kaukuma pati.


Sing sapa mateni raja-kaya, iku kudu nglironi, nanging sing sapa mateni wong, iku kaukuma pati.


Tumrap wong kang gawe pati, lan kang kabener kaukum pati, iku sira aja nampani dhuwit panebusing nyawane, poma iku kapatenana.


iku aja nganti kokkalahi lan aja kokrungokake. Iya aja kokeman lan kokwelasi utawa kokdhelikake kaluputane;


ing kono para tuwa-tuwane nagara kongkonana nyekel wong mau saka ing kono, banjur dipasrahna marang tangane si waris pulih getih supaya kapatenana.


Wong kaya mangkono iku aja kokwelasi, sabab kudu tumindak, nyawa walese nyawa, mata walese mata, untu walese untu, tangan walese tangan lan sikil walese sikil.”


Kaya mangkono anggonmu mbirat getihe wong kang ora salah saka ing tengahmu, marga srana patrap mangkono kowe nglakoni kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.”


wong wadon iku kethoken tangane, aja kokmesakake.”


Sakehe bangsa kang bakal diulungake dening Pangeran Yehuwah marang kowe iku kudu padha koktumpes; aja nganti kokeman, lan aja ngabekti marang allahe, awit iku masthi dadi kalajiret tumrap kowe.


sarta iku wus padha diulungake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe satemah kena kokgecak nganti kalah, bangsa iku kudu padha koktumpes babar pisan. Aja gawe prajanjian karo bangsa-bangsa iku lan aja kokwelasi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan