Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 19:1 - Kitab Sutji

1 “Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes bangsa-bangsa kang nagarane diparingake marang kowe dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe wus ngejegi wilayahe lan padha ngenggoni kutha-kuthane lan omah-omahe,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 19:1
11 Iomraidhean Croise  

Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.


nuli sira padha miliha kutha-kutha pangungsen kanggo marang sira, supaya kena diungseni dening wong kang gawe pati, mangka anggone njalari patining wong mau ora kanthi kajarag.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:


“Iki katetepan lan pranatan kang kudu padha koklakoni kalawan temen-temen ana ing nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu marang kowe, supaya dadia darbekmu sajegmu urip ana ing donya iki.


“Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes saka ing ngarepmu, bangsa-bangsa kang tanahe kokparani bakal kokejegi sarta manawa kowe wus kelakon padha ngejegi dhaerahe lan manggon ing nagarane;


“Besuk samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, sarta wus kokejegi lan kokenggoni, mangka kowe banjur duwe osik: Aku arep ngadegake raja kang mengku marang aku, kaya sakehe bangsa kang ana ing saubengku,


Anadene besuk samangsa wus kelakon kowe diirid dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu lumebu ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu, Abraham, Iskak lan Yakub, bakal diparingake marang kowe, – kutha-kutha kang gedhe lan endah kang dudu yasanmu,


sarta omah-omah kang kebak isi dandanan warna-warna kang becik, mangka dudu kowe kang ngiseni; sarta sumur-sumur mangka dudu kowe kang ndhudhuk, apadene pakebonan anggur lan pakebonan jaitun kang dudu tanduranmu –, lan samangsa kowe wus mangan nganti wareg,


Sang Yehuwah banjur ngandika maneh marang Senapati Yusak:


Kaya mangkono anggone para leluhurira padha Sunparingi nagara, kang padha sira ebeki ora kalawan rekasa, lan kutha-kutha kang ora sira degake, nanging sira kang padha ngenggoni, apadene pakebonan anggur lan wit jaitun kang ora sira tandur, nanging sira kang padha mangan wohe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan