Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 18:9 - Kitab Sutji

9 “Samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, kowe aja banjur sinau nglakoni jejember kang ditindakake dening bangsa-bangsa ing kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 18:9
11 Iomraidhean Croise  

ana ing kono ana ing sakehing tengger iku padha ngobong kurban kayadene bangsa-bangsa kang wus padha katawan kabucal dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe. Padha nglakoni panggawe ala, satemah njalari gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah; padha nyembah brahala,


marga lakune manut adat-tatacarane para bangsa kang wus padha kasingkirake dening Sang Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel, sarta marga saka anggone padha manut ing pranataning para ratu ing Israel.


Sang Prabu uga mbesmi kurban ana ing Lebak Ben-Hinom lan mbesmi para putrane minangka kurban, cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus katundhungan dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.


Uga sakehe panggedhe ing antarane para imam lan rakyat padha bola-bali anggone ora setya kanthi patrap nindakake sakehe kanisthane bangsa-bangsa liya. Padaleman kang kasucekake dening Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem digawe najis.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira aja nulad tindak-tanduke para bangsa, aja kaget dening tandha-tandha ing langit, sanadyan para bangsa padha giris marga saka iku.


Jalaran saka iku sira padha netepana kuwajibanira marang Ingsun, lan aja pisan-pisan nglakoni salah sijine padatan kang nistha iku, kang dilakoni sadurunge sira, lan sira aja ndadekakae najise awakira marga saka iku; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”


supaya kowe aja nganti padha diwuruki niru marang sakehe jejember kang padha dilakoni kanggo allahe, temah kowe padha dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.


Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan