Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 18:8 - Kitab Sutji

8 iku cadhonge kagawea racak padha, iku kajaba pepayone anggone ngedol barang warisane saka leluhure.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 18:8
11 Iomraidhean Croise  

Sabanjure panjenengane paring dhawuh marang rakyat, yaiku wong kang padha manggon ing Yerusalem, supaya ngaturake pasumbang kang dadi pandumane para imam lan para wong Lewi, amrih bisa ngesokake kakuwatane kanggo nindakake Toreting Sang Yehuwah.


Ing wektu iku ana wong sawatara kang dipatah nglurahi kamar-kamar parawatan, kamar-kamar pisungsung mligi, panenan kawitan tuwin pisungsung prasupuluhan, supaya sumbangan kang manut pranatan dadi pandumane para imam lan para wong Lewi lan kang cundhuk karo kaanane pategalane saben kutha, diklumpukake ana ing kamar-kamar kono. Awit bani Yehuda padha bungah-bungah ing ngatase para imam sarta para wong Lewi kang padha nindakake ayahan.


Nalika jamane Sang Zerubabel lan Sang Nehemya sakehe wong Israel padha ngaturake pasumbang kanggo para pasindhen lan para jaga gapura minangka cadhong ing saben dinane lan ngaturake pisungsung suci marang para wong Lewi. Lan para wong Lewi padha ngaturake pisungsung suci marang para putra-putrane Imam Harun.


Mangkono uga sakehe pisungsung prasepuluhan saka pametune palemahan, dadia kang disebar ing lemah utawa saka pametune kitri, iku kagungane Pangeran Yehuwah, iku pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.


Nuli siji-sijine bagean kang kakurbanake iku dijupuka niji, disaosna minangka pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, pisungsung iku dadi pandumane imam kang nyiramake getihe kurban slametan iku.


Mungguh wong bani Lewi, lah iku padha Sunparingi sakehe pisungsunge prasepuluhan wong Israel minangka pusaka, kanggo pituwase ayahan kang dilakoni, yaiku kuwajibane ana ing Tarub Pasewakan.


Kowe tetepa ana ing kono, mangana lan ngombea apa kang disuguhake marang kowe, amarga wong nyambut-gawe iku wis samesthine oleh pituwas. Aja ngolah-ngalih pamondhokmu.


lan banjur nganakake pangibadah atas asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, padha kaya sadulure wong Lewi kang padha ngladeni Sang Yehuwah ana ing kono,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan