PANGANDHARING TORET 18:3 - Kitab Sutji3 Mungguh kang dadi wewenange para imam tumrap rakyat yaiku anggone nampani saka para umat kang padha ngladekake kurban sembelehan, dadia sapi utawa wedhus, iku mangkene: imam iku diaturana sampil ngarep siji, uwange loro apamaneh babate. Faic an caibideil |
Sarta kang kasebut iki iya dadia pandumanira: pisungsung-mligi yaiku sesaosane liyane, kalebu uga pisungsung goyangan leladene wong Israel, Sunparingake marang sira dalah saanak putunira lanang lan wadon, iku dadia pranatan kanggo ing salawase. Saben gegelitaning brayatira kang ora najis kena mangan iku.