PANGANDHARING TORET 18:22 - Kitab Sutji22 Iku mangkene: Endi kang diucapake dening nabi atas asmane Sang Yehuwah, mangka tembunge iku ora kelakon lan ora netes, iku pitutur kang dudu dhawuhe Pangeran Yehuwah; nabi mau kuwanenen anggone ngucapake, aja wedi karo wong kang kaya mangkono iku.” Faic an caibideil |
Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.