Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 18:21 - Kitab Sutji

21 Saupama kowe duwe osik ing sajroning atimu: Kapriye bisaku ngerti marang pitutur kang dudu dhawuhe Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 18:21
8 Iomraidhean Croise  

Nanging mungguh sawijining nabi kang meca bab tentrem rahayu, manawa pameca iku kayektenan, lagi disumurupi, yen nabi iku kautus dening Sang Yehuwah temenan.”


He sakehe tumitah! Padha manenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci.


Nanging nabi kang kuwanenen ngucapake pitutur atas asmaningSun, mangka dudu Ingsun kang ndhawuhi ngucapake, utawa kang duwe pitutur atas jenenge allah liyane, nabi kaya mangkono iku poma kaukuma pati.


Iku mangkene: Endi kang diucapake dening nabi atas asmane Sang Yehuwah, mangka tembunge iku ora kelakon lan ora netes, iku pitutur kang dudu dhawuhe Pangeran Yehuwah; nabi mau kuwanenen anggone ngucapake, aja wedi karo wong kang kaya mangkono iku.”


Panjenengane kang nimbali kowe iku setya tuhu, Panjenengane iya bakal ngleksanani.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira: iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan manawa sira wus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatane dudu, manawa sira wus meruhi manawa iku padha tukang goroh.


Wong Israel kabeh wiwit ing Dan tekan ing Bersyeba padha ngreti, yen Samuel wus katetepake kalenggahane dadi nabine Sang Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan