Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 18:2 - Kitab Sutji

2 Aja nduweni panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Sang Yehuwah piyambak kang dadi ebeke, kaya kang wus dijanjekake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 18:2
15 Iomraidhean Croise  

Sawuse lelakon mau banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram sajroning tetingalan wahyu, dhawuhe: “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe.”


Pangeran Yehuwah punika ingkang dados panduman kawula, kawula sampun prajanji badhe netepi pangandika Paduka.


Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados panduman warisan saha tuwung kawula. Paduka piyambak ingkang murugaken panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.


Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.


Nanging sira bakal padha kaaranan imaming Sang Yehuwah lan bakal kasebut abdining Allah kita. Sira bakal padha ngrasakake nikmating kasugihane para bangsa tuwin bakal padha rumangsa mbedhedheg marga saka kehing kasugihane wong-wong mau.


Osiking atiku: “Pangeran Yehuwah iku dadi pandumanku, mulane dakarep-arep.”


Para imam ora oleh panduman pusaka, amarga Ingsun kang dadi pusakane, sarta aja diwenehi tanah ana ing Israel, awit Ingsun kang dadi pandumane.


Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun: “Ana ing nagarane sira ora bakal oleh tanah pusaka lan ora bakal oleh panduman ana ing tengahe; Ingsun kang dadi pandumanira sarta pusakanira ana ing tengahe wong Israel.


nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”


Mulane taler Lewi iku ora oleh panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Pangeran Yehuwah kang dadi pusakane, kaya kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.


Mung taler Lewi kang ora kaparingan tanah-pusaka, Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel, iku kang dadi pusaka darbeke, kaya kang wus dijanjekake marang dheweke kabeh.


sarta kowe dhewe iya padha dikaya watu urip, kang dianggo mbangun padaleman kasukman minangka kaimaman kang suci, kang nyaosake pisungsung kasukman kang katrimah ing Allah marga dening Gusti Yesus Kristus.


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan