Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 18:18 - Kitab Sutji

18 Nabi kang saka ing antarane para kadange kaya sira iku bakal Sunangkat kanggo wong-wong iku, sarta pangandikaningSun bakal Sundekek ing lesane, sarta apa kang Sunprentahake iku bakal dilairake marang wong-wong mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 18:18
40 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah sampun supaos, sarta badhe boten keduwung: “Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase manut tatanane Melkisedhek.”


“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”


Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”


Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.


Pangeran Allah wus mulang guneman marang Ingsun kayadene murid, supaya Ingsun bisa nyantosakake wong kang lemes lesu kalawan tembung. Saben esuk talinganingSun kapredi ngrungokake kayadene murid.


Ingsun maringake pangandikaningSun ana ing cangkemira tuwin nyingidake sira ana ing aubing astaningSun, supaya Ingsun mbeber langit maneh lan masang tetalesing bumi, sarta ngandika marang Sion: Sira iku umatingSun!


Padha nggatekna swaranigSun, ha para bangsa, lan kupingira englengna marang Ingsun, he para suku bangsa! Awit bakal ana piwulang kang metu saka Ingsun tuwin angger-anggeringSun bakal dadi pepadhang tumrap para bangsa.


Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.


Lumantar nabi Pangeran Yehuwah nuntun Israel metu saka ing tanah Mesir, malah banjur direksa dening nabi.


Ingsun wus ngadegake panunggalane anak-anakira dadi nabi, sarta sabageane nom-nomanira dadi nazir; apa ora nyata mangkono, he Israel?”, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Nabi Musa tumuli sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nyarasaken piyambakipun.”


Sang Yehuwah tumuli manggihi Bileam, sarta cangkeme diiseni tembung, tuwin dipangandikani: “Sira balia menyang ngarepe Balak, lan ngucapa kaya mangkono iku.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngiseni tembung ing cangkeme Bileam sarta ngandika: “Sira balia menyang ngarepe Balak lan calathua mangkono iku.”


Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?” Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya.


Pitakone kongkonan: “Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu.”


Iku banjur nyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengan kok mawi mbaptis?”


Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”


Sing sapa nampik Aku, lan ora nampani pituturKu, iku wus ana kang ngadili, yaiku pitutur kang wus Dakwedharake, iku kang bakal ngadili besuk ing dina wekasan.


Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe.


Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;


Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.


Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”


Kang iku Gusti Yesus ngandika: “Besuk samasa kowe wus nyengkakake Putraning Manungsa, tumuli kowe lagi bakal padha sumurup yen Aku iki Panjenengane, sarta ora nglakoni apa-apa saka karepKu dhewe, nanging apa kang Dakwarahake iku miturut kaya anggonKu wus diwulang dening RamaKu.


Rak sampun dipun pangandikakaken dening Nabi Musa: Gusti Allah bakal nangekake nabi saka ing antarane para sadulurmu, padha kayadene aku. Yaiku kang kudu kokrungokake apa kang bakal dipangandikakake marang kowe.


Inggih Nabi Musa punika ingkang ngandika dhateng tiyang-tiyang Israel: Gusti Allah bakal ngadegake nabi kaya aku iki kanggo ing kowe saka ing antarane para sadulurmu.


Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarane para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe, yaiku kang kudu kokestokake.


Panjenengane dadi ratu ana ing Yesyurun, nalika para panggedhene bangsa padha nglumpuk bebarengan, yaiku sakehe talere Israel.


Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi dening Pangeran Yehuwah aben-ajeng,


– nalika iku aku kang ana ing antarane Sang Yehuwah karo kowe, prelu nglantarake dhawuh pangandikane Sang Yehuwah marang kowe, marga kowe padha wedi marang genine lan kowe ora munggah ing gunung –, pangandikane mangkene:


Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kita ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus,


mangkono uga Gusti Yesus wus dadi tetanggelaning prajanjian kang luwih kuwat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan