Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 18:13 - Kitab Sutji

13 Uripmu ditanpa cacad ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 18:13
11 Iomraidhean Croise  

Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.


Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.


sarta muga kowe kabeh padha lumadi marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kalawan gumolonging atimu apadene lakumu muga mituruta ing sakehe katetepane sarta tansah nindakake sakehing prentahe kaya dene ing dina iki.”


Ing tanah Us ana sawijining wong jenenge Ayub; Ayub iku jujur lan mursid tuwin ngabekti marang Gusti Allah sarta nyingkiri piala.


Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”


Mara titenana mungguh wong mursid, lan delengen wong kang temen, awit wong kang ambek rukun iku kaanane bakal nyenengake ing tembe burine;


Mulane kowe padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”


Ora kok kaya-kaya aku wus kadunungan bab iki utawa wus sampurna, nanging iku dakburu, bokmanawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak dening Sang Kristus Yesus.


Awit saka iku ayo kita, kang padha sampurna iki duwea pamikir mangkono. Lan manawa tumrap ing salah sawijining prakara panemumu seje, Gusti Allah kang bakal nyethakake prakara iku marang kowe.


Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.


Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wus ngarepake mati, awit panggawenira iku ora ana siji-sijia kang sampurna ana ing ngarsane AllahingSun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan