Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 18:12 - Kitab Sutji

12 Awitdene sapa kang nglakoni pratingkah kang kaya mangkono iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, lan iya marga saka jejember iku para bangsa mau padha katundung metu saka ing ngarepmu dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 18:12
9 Iomraidhean Croise  

Para prewangan lan para juru petungan, uga terafim, brahala-brahala lan sakehe dewaning kanisthan kang tinemu ana ing tanah Yudea lan ing Yerusalem, padha kasirnakake dening Sang Prabu Yosia, supaya bisa netepi pangandikaning Toret kang katulis ana ing kitab kang wus katemokake dening Imam Agung Hilkia ana ing padalemaning Sang Yehuwah.


mulane wus Sunulungake marang ing tangane wong kang kwasa ana ing antarane para bangsa, supaya kapatrapana kang salaras kalawan pialane; wus Suntundhung.


Poma sira aja gawe najisira dhewe, marga saka sadhengaha pratingkah kang kaya mangkono iku, awitdene bangsa liya kang Suntundhung saka ing ngarepira iku wus padha najisake awake marga saka pratingkah mau kabeh.


Nagara iku wus dadi najis, sarta Ingsun wus malesake kaluputane iku marang bangsa-bangsa iku, satemah nagara iku nglepeh kang padha ngenggoni.


– awit wong ing nagara kono kang ndhingini sira, iku wus padha nglakoni sarupane pratingkah nistha mau, temah nagara iku wus dadi najis –


Uga wong Lewi kang manggon ana ing antaramu iku aja nganti koklirwakake, marga iku padha ora oleh panduman tanah-pusaka bebarengan karo kowe.


“Wong wadon aja nganggo sandhangan wong lanang lan wong lanang aja nganggo sandhangan wong wadon, sabab sapa sing nglakoni mangkono iku dadi jember tumrap ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.


Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.


Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan