Lan manawa ana wong kang celathu marang sira: “Njaluka pituduh marang arwah lan roh-rohe para juru meca kang bisik-bisik lan klomat-klamet,” iku wangsulana: “Sawijining bangsa iku pantese apa ora kudu njaluk pituduh marang allahe? Utawa kudu jaluk pituduh marang para wong mati kanggo wong urip?”
Sira aja padha madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa rohe para prewangan; sira aja nggoleki marang iku, temah padha dadi najis marga saka iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.
Karodene manawa ana wong lanang utawa wong wadon kang kapanjingan rohe wong mati utawa roh prewangan, iku padha kaukuma pati, padha kabenturana watu, lan getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.”
Wong kang madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa marang rohe para juru pameca, yaiku kang bebedhangan sarana tetakon marang roh-roh mau, Ingsun piyambak bakal nglawan marang wong kang kaya mangkono iku sarta Sunsirnakake saka ing tengahe bangsane.
Ing sawijining dina nalika aku padha menyang ing papan pasembahyangan iku, aku padha nrenjuhi sawijining batur tukon wadon kang dadi prewangan sarta kang njalari lurah-lurahe oleh kauntungan akeh.
Sang Prabu banjur namur lampah ngrasuk pangageman seje lan tindak kadherekake abdi loro. Bareng Sang Prabu ing wayah bengi rawuh ing panggonane wong wadon mau, banjur ngandika: “Mara aku tenungna lumantar roh lan undangna wong kang bakal dakpratelakake.”