PANGANDHARING TORET 18:10 - Kitab Sutji10 Ing antaramu aja ana kang ngurbanake anake lanang utawa wadon srana kaobong, utawa dadi juru tenung, juru pethek, juru petung, juru sikhir lan juru gendam, Faic an caibideil |
Padha nampik pranatane lan prajanjiane, kang wus dianakake kalawan para leluhure, uga ora maelu marang pepengeting Sang Yehuwah kang wus ngengetake marang dhawuh-dhawuhe, padha ngetut-buri dewa kang tanpa guna, dadine padha niru para bangsa ing saubenge, sanadyan Pangeran Yehuwah wus dhawuh: Aja padha tumindak kaya bangsa-bangsa iku.
Para prewangan lan para juru petungan, uga terafim, brahala-brahala lan sakehe dewaning kanisthan kang tinemu ana ing tanah Yudea lan ing Yerusalem, padha kasirnakake dening Sang Prabu Yosia, supaya bisa netepi pangandikaning Toret kang katulis ana ing kitab kang wus katemokake dening Imam Agung Hilkia ana ing padalemaning Sang Yehuwah.
Malah para putrane padha kapasrahake minangka kurban ing geni ana ing Lebak Ben-Hinom; panjenengane oleh ngelmu weca, ngelmu pethek lan ngelmu sikir, sesrawungan karo para prewangan tuwin para tukang ngundang roh kang memeca. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah akeh banget, temah damel gerahing panggalihe.
Padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo nyembah marang Baal ana ing Lebak Ben-Hinom, sarana ngobong anak-anake lanang lan wadon minangka kurban marang Molokh, kadadekake kurban ing geni, sanadyan Ingsun ora tau ndhawuhake lan babar pisan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun, yaiku bab nindakake kanisthan iki, temah Yehuda tumiba ing dosa.
Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
Amargi pambalila punika sami kaliyan dosanipun patenungan lan pandlarung punika sami kaliyan nyembah brahala lan terafim. Sarehne panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah, mila Sang Yehuwah inggih nampik panjenengan dalem, badhe kalungsur anggen panjenengan dalem dados ratu.”