Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 18:1 - Kitab Sutji

1 “Anadene para imam wong Lewi lan sakehe talere Lewi kabeh aja padha melu nduweni panduman tanah-pusaka bebarengan karo wong Israel; kang dadi bageane iya iku kurban genenan kang konjuk marang Sang Yehuwah lan apa kang dadi sengkeran kagungane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 18:1
12 Iomraidhean Croise  

Lan tedhak turune para imam bangsa Lewi uga ora kendhat-kendhat nyaosake kurban obaran, lan kurban dhaharan, apadene kurban sembelehan ing sauruting jaman, ana ing ngarsaningSun.”


Para imam ora oleh panduman pusaka, amarga Ingsun kang dadi pusakane, sarta aja diwenehi tanah ana ing Israel, awit Ingsun kang dadi pandumane.


Karomaneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Imam Harun: “Ana ing nagarane sira ora bakal oleh tanah pusaka lan ora bakal oleh panduman ana ing tengahe; Ingsun kang dadi pandumanira sarta pusakanira ana ing tengahe wong Israel.


Anadene wonge kang padha kacacahake iku ana telu likur ewu, yaiku sakehe kang lanang kang umur sasasi sapandhuwur; marga anggone kacacahake ora bebarengan karo wong Israel liyane, awit padha ora kapanduman tanah pusaka ana ing antarane wong Israel.


Mulane taler Lewi iku ora oleh panduman tanah-pusaka ana ing antarane para sadulure; Pangeran Yehuwah kang dadi pusakane, kaya kang wus dipangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu.


Dingati-ati, kowe aja nganti nglirwakake marang wong Lewi, salawase kowe manggon ana ing tanahmu.


Mung taler Lewi kang ora kaparingan tanah-pusaka, Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel, iku kang dadi pusaka darbeke, kaya kang wus dijanjekake marang dheweke kabeh.


Nanging taler Lewi ora diparingi tanah-pusaka dening Nabi Musa: Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel piyambak iku kang dadi pusakane kaya kang wus kajanjekake marang dheweke kabeh.


Sabab wong Lewi padha ora oleh panduman ana ing tengahmu, amarga kalungguhane dadi imame Sang Yehuwah kang dadi pusakane sarta mungguh Gad lan Ruben apadene separone taler Manasye iku wus padha nampani tanah-pusaka ana ing sabrange bengawan Yarden ing sisih wetan, kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan