Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 17:9 - Kitab Sutji

9 yaiku marang para imam wong Lewi lan marang hakim kang ana ing wektu iku lan nyuwuna putusan. Iku kang bakal padha mratelakake putusaning hakim marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 17:9
15 Iomraidhean Croise  

Saka bani Yizhar yaiku Kenanya saanak-anake; iku padha kapasrahan kawajiban njaba ana ing Israel, yaiku dadi juru mranata lan dadi hakim.


Manawi wonten ingkang prakawisan, lajeng sami murugi kula supados kula damel pancasan tumrap tiyang satunggal kaliyan satunggalipun; kajawi punika inggih kula tedahi pranatan saha putusan-putusanipun Gusti Allah.”


Saupama kang nyolong ora kecandhak, kang duwe omah disebakna marang ing ngarsaning Allah perlu sumpah, yen pancen ora njupuk barange kancane.


Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge!”


Manawa ana prakara kudu tumindak dadi hakim sarta anggone ngakimi kudu manut ing pranatan-pranataningSun. Ing dina-dina gedhe kagunganingSun para imam kudu nindakake angger-anggeringSun lan katetepan-katetepaningSun sarta dina-dina Sabatingsun kudu disucekake.


Nalika tanggal kaping patlikur sasi kang kasanga, ing taun kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi lumantar Nabi Hagai, surasane:


“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.


sarta matur marang para imam kang ana ing padalemaning Yehuwah Gustine sarwa dumadi lan marang para nabi, mangkene: “Punapa kula kedah sami nangis lan puwasa ing wulan kaping gangsal kados ingkang sampun kula lampahi mataun-taun laminipun punika?”


Marga lambene imam iku isi kawruh lan wong-wong padha golek piwulang saka ing cangkeme, awit imam iku utusane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.


Kowe iya tumuli nglakonana apa kang dadi putusane, saka ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah. Kowe nglakonana kalawan setya sakehe pituduhe marang kowe.


Para imam bani Lewi banjur padha majua, awitdene iku kang padha dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya padha ngladeni Panjenengane lan andum berkah atas asmane Sang Yehuwah; sarta karampungane sadhengah para-padu lan sadhengah raja-tatu iku mituruta ing putusane.


“Yen ana wong para-padu sawatara kang padha seba marang pangadilan nyuwun adil, kang bener iya dibenerna lan kang luput kaukuma.


Sami mulangaken pranatan Paduka dhateng Yakub, saha angger-angger Paduka dhateng Israel; sami kekutug wangen-wangen wonten ing ngarsa Paduka saha nyaosaken kurban ingkang kabesmi sadaya wonten ing misbyah Paduka.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan