Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 17:8 - Kitab Sutji

8 “Saupama ana sawijining prakara kang kokrasa angel banget pamutuse, upamane: bab raja-pati, bab gugat-ginugat, bab raja-tatu, – prakara pandakwa ing panggonanmu –, nuli kowe sebaa menyang ing papan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 17:8
28 Iomraidhean Croise  

Saben esuk jumeneng ana ing pinggir dalan kang anjog ing gapura. Sadhengah wong kang duwe prakara lan arep seba marang ing ngarsane Sang Nata nyuwun pangadilan, wong mau ditimbali dening Pangeran Absalom sarta didangu: “Kowe saka kutha ngendi?” Dene manawa diwangsuli: “Abdi dalem punika dhateng saking taler Israel anu,”


Saka bani Yizhar yaiku Kenanya saanak-anake; iku padha kapasrahan kawajiban njaba ana ing Israel, yaiku dadi juru mranata lan dadi hakim.


Atur wangsulane Nabi Musa marang kang rama mara-sepuhe: “Tiyang kathah punika anggenipun murugi kula badhe pitaken bab karsanipun Gusti Allah.


padha kapatah ngadili umat ing samangsa-mangsa, prakara kang angel diaturake marang Nabi Musa, nanging prakara kang gampang dirampungi dhewe.


Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.


Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.


Manawa ana sapi nyundhang wong lanang utawa wadon, nganti ndadekake patine, sapi mau kudu kabenturan watu nganti mati lan daginge aja nganti dipangan, nanging kang duwe sapi bebas saka ing paukuman.


Manawa ana maling konangan lagi mbabah, banjur dipenthungi nganti mati, iku kang menthungi ora utang getih,


Saupama kang nyolong ora kecandhak, kang duwe omah disebakna marang ing ngarsaning Allah perlu sumpah, yen pancen ora njupuk barange kancane.


Manawa ana prakara kudu tumindak dadi hakim sarta anggone ngakimi kudu manut ing pranatan-pranataningSun. Ing dina-dina gedhe kagunganingSun para imam kudu nindakake angger-anggeringSun lan katetepan-katetepaningSun sarta dina-dina Sabatingsun kudu disucekake.


Nalika tanggal kaping patlikur sasi kang kasanga, ing taun kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ana pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi lumantar Nabi Hagai, surasane:


Marga lambene imam iku isi kawruh lan wong-wong padha golek piwulang saka ing cangkeme, awit imam iku utusane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


nuli sira padha miliha kutha-kutha pangungsen kanggo marang sira, supaya kena diungseni dening wong kang gawe pati, mangka anggone njalari patining wong mau ora kanthi kajarag.


Nanging manawa wong mau anggone mateni nganggo barang wesi, nganti dadi lan patine, wong iku gawe pati; lan wong kang gawe pati iku kudu kaukum pati.


Ing sajrone ngadili kowe aja mawang wong, wonga cilik, wonga gedhe, padha rungokna kang dadi prakarane. Aja wedi marang sapa bae, awitdene pangadilan iku kagungane Gusti Allah; dene manawa ana prakara kang kangelan tumrap kowe, iku ladekna marang aku, supaya aku krungu.


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


nanging mung ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah ana ing dhaerahe salah sijining talermu, ana ing kono anggonmu padha nyaosake kurbanmu obaran, lan ana ing kono anggonmu nglakoni sabarang apa kang dakprentahake marang kowe.


Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.


wong loro kang para-padu iku kasebakna ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe para imam lan para hakim kang ana ing wektu iku.


Anadene mungguh wong gawe pati kang ngungsi mrono supaya bisaa lestari urip, iku pathokane mangkene: Wong kang njalari patine pepadhane tanpa kajarag, lan ora duwe sengit marang wong mau ing sadurunge,


Para imam bani Lewi banjur padha majua, awitdene iku kang padha dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya padha ngladeni Panjenengane lan andum berkah atas asmane Sang Yehuwah; sarta karampungane sadhengah para-padu lan sadhengah raja-tatu iku mituruta ing putusane.


“Yen ana wong para-padu sawatara kang padha seba marang pangadilan nyuwun adil, kang bener iya dibenerna lan kang luput kaukuma.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan