Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 17:7 - Kitab Sutji

7 Tangane seksi iku kang miwitana gumrageh mateni wong iku, sawuse banjur wong sabangsa kabeh. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 17:7
16 Iomraidhean Croise  

“Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.


Bareng olehe padha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku.”


Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.


Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.


Saupama sadulurmu lanang, anake biyungmu utawa anakmu lanang utawa wadon, utawa somahmu dhewe utawa mitramu, kalawan dhedhemitan mbujuk marang kowe, pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane, kang padha ora kokwanuhi lan iya ora diwanuhi dening para leluhurmu,


nanging wong iku poma patenana, tanganmu dhewe kang miwiti mateni dhisik, nuli tangane wong sabangsa kabeh.


Wong kang kumawani ora ngestokake dhawuhe imam kang ngadhep nglakoni ayahane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, utawa marang hakim, wong iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing satengahe Israel.


wong iku patrapana kaya kang dadi karepe kang arep ditandukake marang sadulure. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”


ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Manawa ana wong konangan nyulik panunggalane sadulure, yaiku wong Israel, banjur direngkuh kaya batur tukon utawa diedol, wong kang nyulik iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Mulane saiki, mara wong kang tumindak dursila ana ing Gibea iku padha ulungna, arep padha dakukum pati, supaya kadursilan iku kasirnakna saka ing satengahe wong Israel!” Nanging wong Benyamin ora maelu marang pituture para sadulure wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan