Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 17:6 - Kitab Sutji

6 Kang kaukum pati iku kudu wewaton ature seksi loro utawa seksi telu; aja nganti kaukum pati mung marga saka ature seksi siji.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 17:6
8 Iomraidhean Croise  

Sing sapa mateni wong, kang gawe pati iku dipatenana miturut katrangane para saksi, nanging manawa saksine mung siji, iku paseksene ora cukup tumrap prakara paukuman pati.


Dene yen ora nggugu, kowe ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka anane katrangane seksi loro utawa telu, prakarane banjur rampung.


“Punapa angger-angger kita ngukum tiyang, saderengipun tiyang punika dipun priksa lan dipun yektosi pratingkahipun?”


Iki kang kaping telune anggonku nemoni kowe: Sahing prakara iku manawa wus ana katrangane saksi loro utawa telu.


“Seksi iku manawa mung siji ora kena kanggo nggugat marang wong bab prakara kaluputan apa bae utawa dosa kapriye bae kang bokmanawa dilakoni. Bisane prakara dianggep sah mung landhesan ature seksi loro utawa seksi telu.


Aja nampani pandakwa marang pinituwa, kajaba yen ana seksine loro utawa telu.


Manawa ana wong nampik angger-anggere Nabi Musa, iku kaukum pati tanpa palimirma kanthi paseksene wong loro utawa telu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan