Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 17:5 - Kitab Sutji

5 wong lanang utawa wadon kang nglakoni duraka iku mau gawanen metu menyang ing gapura; wong lanang utawa wong wadon iku nuli benturana watu nganti mati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 17:5
13 Iomraidhean Croise  

iku uga dadi duraka kang pantes diukum dening hakim, amarga aku nyelaku Gusti Allah kang ana ing ngaluhur.


Sing sapa laku jina karo kewan, kudu diukum pati.


“Wong Israel padha sira dhawuhana: Saben wong panunggalane Israel utawa bangsa liya kang manggon ana ing antarane Israel, kang ngulungake salah sijine anake marang Molokh, iku kaaukuma pati, dibenturana watu dening para umat.


“Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.


Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.


Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.


lan manawa prakara iku dikandhakake marang kowe utawa kokrungu wartane, iku nuli titi-priksanen kang tliti, saupama nyata lan genah ana kadadean mangkono, dadi jejember iku mau wus kelakon ana ing antarane wong Israel,


Anak mau tumuli dibenturana watu dening sakehe wong isining kutha nganti mati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu; lan wong Israel kabeh bakal padha krungu lan padha dadi wedi.”


ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.


Pangandikane Sang Senapati Yusak: “Kayadene anggonmu nekakake bilai marang aku kabeh, mangkono uga Sang Yehuwah ing dina iki uga ndhatengake bilai marang kowe.” Akhan tumuli kabenturan watu dening wong Israel kabeh, banjur diobong ing geni lan dikrutugi watu.


Nanging Yoas mangsuli marang sakehe wong kang padha ngrubung iku: “Apa kowe padha perang mbelani Baal? Utawa apa kowe arep ngrewangi dheweke? Sapa kang mbelani Baal iku bakal dipateni sadurunge esuk. Manawa Baal iku allah, kareben mbelani awake dhewe, amarga misbyahe dirubuhake.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan