PANGANDHARING TORET 17:3 - Kitab Sutji3 yaiku lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, utawa marang srengenge, rembulan utawa marang sakehe wadya-bala ing langit, kang wus daklarang, Faic an caibideil |
Padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo nyembah marang Baal ana ing Lebak Ben-Hinom, sarana ngobong anak-anake lanang lan wadon minangka kurban marang Molokh, kadadekake kurban ing geni, sanadyan Ingsun ora tau ndhawuhake lan babar pisan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun, yaiku bab nindakake kanisthan iki, temah Yehuda tumiba ing dosa.
Sawuse mangkono aku banjur dibekta menyang ing platarane njero padalemaning Yehuwah; lah ing sacedhake dalan lumebu marang ing padalemane Pangeran Yehuwah, ing antarane bale Pasucen lan misbyah ana wong lanang kira-kira selawe kang padha ngungkurake padalemane Pangeran Yehuwah, lan padha madhep mangetan kalawan sujud marang srengenge kang ana ing sisih wetan.
lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.
menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”