PANGANDHARING TORET 17:2 - Kitab Sutji2 “Saupama ing antaramu, ing salah sawijining panggonan peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, ketemu ana wong lanang utawa wadon kang duwe pokal ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, nerak ing prasetyane, Faic an caibideil |
Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.
menawa kowe padha nerak prajanjian kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang kowe, sarta lunga ngabekti lan sujud marang allah liyane, ing kono bakal mulad-mulad bebendune Sang Yehuwah marang kowe, temah kowe bakal enggal tumpes sirna saka ing nagara kang becik kang wus kaparingake marang kowe.”