Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 17:19 - Kitab Sutji

19 Iku tansah anaa ing sandhinge, sarta diwaosa ing salawase sugenge, supaya sianua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, netepi lan nglampahi angger-angger lan pranatan iki kabeh,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 17:19
11 Iomraidhean Croise  

uga munjuk marang Sang Nata: “Imam Hilkia maringi kitab punika dhumateng kawula.” Sang Safan nuli maos kitab iku ana ing ngarsane Sang Prabu.


nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah, lan digilut-gilut rina wengi.


Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku,


Mulane pituturku iki padha simpenen ana ing atimu lan ing nyawamu, sarta padha talenana minangka pratandha ing tanganmu, padha dadia tenger ana ing sela-selane mripatmu.


Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.


Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.


Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.


Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan