Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 17:18 - Kitab Sutji

18 Samangsa wus kelakon lenggah ing dhamparing keprabon, banjur gawea layang turunane angger-angger iki, miturut kitab kang kadarbe dening para imam lan wong Lewi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 17:18
7 Iomraidhean Croise  

Nglakonana kawajibanmu kalawan setya marang Sang Yehuwah, Allahmu; karo maneh lakumu metua ing dalan pitedahe sarta lestarekna anggonmu ngenut sakehing katetepan, prentah, pranatan tuwin katemtuan, kaya kang katulis ing angger-anggere Nabi Musa, supaya samubarang kabeh kang koklakoni lan sakehing sedyamu bisa oleh gawe,


Sawuse mangkono Imam Yoyadha tumuli ngajak miyos Sang Raja-Putra, kang banjur diagemi makutha lan diaturi ngasta Kitab Toret. Sang Raja-Putra kajumenengake ratu sarta jinebadan, kalawan keplok-keplok wong-wong tumuli padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu!”


Imam Agung Hilkia nuli ngandika marang Sang Safan, sekretarise mau: “Kula manggih Kitab Toret punika wonten ing padalemaning Pangeran Yehuwah!” Imam Agung Hilkia nuli maringake kitab iku marang Sang Safan, banjur diwaos.


Imam Agung Hilkia tumuli ngandika marang Sang Safan, sekretaris nagara: “Kula kala wau manggih kitab Toret wonten ing padalemaning Sang Yehuwah!” Imam Agung Hilkia banjur masrahake kitab iku marang Sang Safan,


Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;


Sira aja lali ngrembug kitab Toret iki, sira gilut-giluta rina wengi, supaya tumindakira ngati-ati condhong karo kang tinulis ing kitab iku, amarga kanthi patrap mangkono lakunira mesthi bakal lestari sarta sira bakal oleh kabegjan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan