PANGANDHARING TORET 17:17 - Kitab Sutji17 Karomaneh garwane iya aja nganti akeh-akeh, supaya atine aja nyleweng; iya aja banget-banget anggone kasengsem marang emas lan salaka. Faic an caibideil |
Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, rak uga dhumawah ing dosa marga saka anane lelakon kang kaya mangkono iku? Sanadyan ing antarane para bangsa pirang-pirang ora ana kang duwe ratu sing kaya panjenengane, kang kinasihan dening Gusti Allahe, apadene wus kajumenengake dadi ratune wong Israel kabeh dening Gusti Allah, ewasamono iya dhumawah ing dosa amarga katut marang garwane kang saka bangsa liyan iku.