PANGANDHARING TORET 17:16 - Kitab Sutji16 Ratu iku aja nganti ngingu jaran akeh-akeh lan aja mbalekake bangsa iku menyang ing tanah Mesir supaya oleh jaran akeh, awitdene wus ana dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe: Ing tembe sira aja bali ngliwati dalan iki maneh. Faic an caibideil |
Awit saking punika panjenengan mugi karsaa paring dhawuh negor wit-wit eres ing redi Libanon, tuwin tiyang kula kajengipun sami mbiyantu para abdi panjenengan, wondene epahipun kangge para abdi panjenengan badhe kula caosaken dhateng panjenengan, sapinten kemawon pamundhut panjenengan, amargi panjenengan uninga, bilih panunggilan kula boten wonten ingkang saged negor wit-witan kadosdene tiyang ing Sidon.”
Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”