PANGANDHARING TORET 17:12 - Kitab Sutji12 Wong kang kumawani ora ngestokake dhawuhe imam kang ngadhep nglakoni ayahane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, utawa marang hakim, wong iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing satengahe Israel. Faic an caibideil |
“Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.
Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.