Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 17:11 - Kitab Sutji

11 Kowe tumindaka manut pituduh kang diwenehake marang kowe lan manut putusan kang dikandhakake marang kowe; aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen saka putusan kang diwenehake marang kowe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 17:11
16 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur ndangu: “Apa Yoab ora melu-melu karo sira mungguh ing prakara iki?” Wong wadon matur, unjuke: “Demi kasugengan dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu, kawula sampun boten saged menggak-menggok ngiwa utawi nengen malih saking sadaya ingkang dipun pangandikakaken gusti kawula Sang Prabu. Sajatosipun abdi dalem Sang Yoab piyambak ingkang dhawuhi kawula, panjenenganipun ingkang murugi abdi dalem ngunjukaken sadaya tembung punika.


Aja menggok mangiwa utawa manengen, sikilmu edohna saka ing piala.


Sarta maneh sira wulangna marang wong Israel, sakehe pranatan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang wong-wong iku lumantar Nabi Musa.”


Kowe iya tumuli nglakonana apa kang dadi putusane, saka ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah. Kowe nglakonana kalawan setya sakehe pituduhe marang kowe.


supaya aja nganti ngluhurake awake dhewe ngungkuli para sadulure, aja nyleweng saka pepakon, manengen utawa mangiwa, supaya suwe anggone mrentah, iya dheweke dhewe lan anak-putune ana ing satengahe wong Israel.”


“Yen ana wong para-padu sawatara kang padha seba marang pangadilan nyuwun adil, kang bener iya dibenerna lan kang luput kaukuma.


apadene manawa kowe ora nyleweng manengen utawa mangiwa saka ing sakehe dhawuh kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, yaiku ngetutburi allah liyane lan ngabekti marang iku.”


Kang iku kowe padha nglakonana apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe iku kalawan tumemen, sarta aja nyimpang mangiwa utawa manengen.


Wong-wong padha elingna, supaya padha sumuyud marang pamarentah lan para kang ngasta panguwasa, mbangun-miturut sarta padha cumadhang marang sadhengah panggawe becik.


Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.


Kang iku kowe padha dipanggah anggonmu netepi lan nglakoni sakabehe kang katulisan ana ing kitab angger-anggere Nabi Musa, supaya aja nganti nyimpang mangiwa utawa manengen.


luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake pangrehing Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuh nyenyamah marang kaluhuran,


Ewadene wong kang padha ngimpi-impi kaya mangkono iku njemberake badane sarta ngremehake panguwasaning Allah sarta nyenyamah sakehing kamulyan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan