PANGANDHARING TORET 17:1 - Kitab Sutji1 Anggonmu nyaosake kurban sapi utawa wedhus marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, aja kang ana cacade, utawa apa bae kang ala, awit iku jember kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.” Faic an caibideil |
Manawa sira padha ngurbanake kewan kang picak, apa iku ora ala? Utawa manawa sira ngurbanake kang pincang utawa kang laranen, apa iku ora ala? Coba kang mangkono iku aturna marang bupatinira, apa sira ndadekake keparenge, apa maneh apa banjur nampani sira kanthi seneng? – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
ing kono bojone kang dhisik kang wus megat iku ora kena balen karo wong wadon iku, sawuse wong wadon iku kelakon dirusuhi; awitdene patrap mangkono iku dadi jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu iku aja kokdadekake nandhang dosa.
mendahane maneh rahe Gusti Kristus, kang marga dening Roh kang langgeng wus ngurbanake sarirane piyambak konjuk ing Allah minangka pisungsung kang tanpa cacad, iku rak mesthi bakal ngresiki rumangsaning ati kita saka pratingkah-pratingkah kang tanpa guna, supaya kita bisa ngabekti marang Gusti Allah kang asipat gesang?