Awit iya padha ngedegake papan-papan pangurbanan lan tugu-tugu brahala tuwin saka-saka brahala ana ing saben tengger kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit kang ngrembuyung.
“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.
Aja ngangen-angen marang cilakane pepadhanira, karomaneh aja seneng asumpah palsu, sabab kabeh iku Sunsengiti.” Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, aja koktanduki kaya mangkono, awitdene samubarang kang jember tumrap Pangeran Yehuwah, apa kang disengiti, iku kang ditindakake dening bangsa iku tumrap allahe; malah anake lanang lan wadon padha diobongi, kanggo allahe.
Dieling, aja nganti lali marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus didamel kalawan kowe; aja nganti kowe gawe reca kang awujud apa bae, kang dadi wewalere Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ora kepareng kokgawe.
Besuk samangsa kowe wus duwe anak-putu lan wus padha tuwa ana ing nagara kono, mangka kowe banjur tumindak nistha, padha gawe reca kang awujud apa bae, sarta nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, temah kowe padha nuwuhake gerahe panggalihe,