Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:21 - Kitab Sutji

21 “Kowe aja nandur sadhengaha wit minangka saka brahala sandhing misbyahe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, misbyah kang bakal kokgawe kanggo kowe;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:21
10 Iomraidhean Croise  

Sasampunipun makaten Sang Yehuwah lajeng badhe ngrangket tiyang Israel, ngantos sempoyongan kados glagah wonten ing toya, saha badhe kabedhol saking ing siti ingkang sae, ingkang sampun kaparingaken dhateng leluhuripun punika, lajeng badhe kasebar wonten ing sabrangipun benawi Efrat, amargi sampun sami damel saka-saka brahala sarta amargi saking makaten lajeng damel gerahing panggalihipun Pangeran Yehuwah.


Sawuse iku Sang Prabu Akhab banjur yasa reca Asyera tuwin anggone tumindak mangkono iku dibacut-bacutake, satemah njalari gerahing panggalihe Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, ngluwihi sakehing ratu ing Israel kang ngrumiyini panjenengane.


Kabeh wus padha ninggal sakehing dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan wus padha gawe pedhet cithakan; uga wus padha gawe reca Asyera, padha sujud nyembah marang sakehe wadya-bala ing langit lan nindakake pangibadah marang Baal.


Tengger-tengger pangurbanan kang wus disirnakake dening Sang Prabu Hizkia, kang rama, padha didegake maneh; panjenengane yasa misbyah-misbyah kanggo Baal, damel reca Asyera kaya Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan sujud nyembah marang sakehing wadya-bala ing langit sarta ngabekti marang iku.


Panjenengane mrenahake reca Asyera yeyasane ana ing sajroning padaleman, sanadyan tumrap padaleman iku Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Sang Prabu Dawud lan marang Sang Prabu Suleman, kang putra: “Ana ing padaleman iki, lan ana ing Yerusalem, kang wus Sunpilih saka ing antarane suku Israel, anggoningSun bakal maringake asmaningSun kanggo ing salawas-lawase!


Panjenengane ngedegake maneh tengger-tengger pangurbanan kang wus padha dibubrahi dening Sang Prabu Hizkia, kang rama; Sang Nata yasa misbyah-misbyah kanggo para Baal, damel reca-reca Asyera sarta sujud lan nyembah marang wadya-bala ing langit kabeh tuwin ngabekti marang iku.


Malah misbyah-misbyahe padha sira rubuhna, tugu-tugune brahala padha sira remukana, kayu-kayu pepundhene sira tegorana.


“Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.


Nanging bangsa-bangsa iku padha etrapana mangkene: Misbyahe padha rubuhna, lan tugu-tugune brahala padha remukana, saka-sakane brahala padha sirnakna, lan reca-recane padha kaobonga nganti entek.


Wong Israel padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah lan padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe tuwin padha ngabekti marang para Baal lan para Asyera.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan