20 Kaadilan, iya kaadilan iku kang kudu kokgondheli, supaya kowe lestaria urip sarta ndarbenana tanah bakal peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.”
Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren.
Sabab Nabi Musa nyerat bab kabeneran kang marga saka ing angger-anggering Toret iku mangkene: “Sapa kang nglakoni prakara iku, bakal urip marga saka iku.”
“He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”
lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya – yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
“Mulane saiki, he wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakwarahake marang kowe supaya padha koklakoni, temah kowe lestari urip sarta padha lumebu lan ngejegi nagara peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, marang kowe.