Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:2 - Kitab Sutji

2 Ing kono kowe nyembeleha wedhus lan sapi kanggo kurban Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah kagem padalemaning asmane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:2
19 Iomraidhean Croise  

Sang Nata banjur paring dhawuh marang wong sabangsa kabeh mangkene: “Sira padha ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kaya kang katulisan ana ing kitab prajanjian iki!”


Sang Prabu Yosia nyumbang marang golonganing wong lumrah arupa wedhus telung puluh ewu, yaiku wedhus gembel lan wedhus berok kang isih enom, kabeh minangka kurban Paskah kanggo sakehe wong kang ana ing kono. Kajaba iku Sang Nata uga nyumbang sapi telung ewu. Kabeh iku saka barang kagungane Sang Prabu.


“Wong Israel padha ngriyayakna Paskah ing wektu kang wus katemtokake,


Ing dina wiwitaning riyaya Roti Tanpa Ragi, para sakabate Gusti Yesus padha ngadhep ing ngarsane lan matur: “Karsa Paduka kawula cawisi dhaharan Paskah wonten ing pundi?”


“Kowe padha sumurup, yen kurang rong dina wis riyaya Paskah, dene Putraning Manungsa bakal kaulungake supaya kasalib.”


Nalika dina kapisan ing riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku dina panyembelehing wedhus Paskah, para sakabate Gusti Yesus padha matur: “Karsa Paduka, kawula sami kadhawuhan cecawis Paskah kagem Paduka wonten ing pundi?”


Tumuli padha dipangandikani: “Aku wis kapengin banget mangan Paskah iki bebarengan karo kowe kabeh, sadurunge Aku nandhang sangsara.


Gusti Yesus banjur ngutus Petrus lan Yokanan, dhawuhe: “Kowe padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha dakpangan.”


Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowe padha dadi jladren kang anyar, sabab kowe rak pancen tanpa ragi. Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.


kowe padha menyanga ing panggonan kang pinilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padunungane asmane, kalawan ngladekake sabarang kang dakprentahake marang kowe, yaiku: kurban obaran, kurban sembelehan, pisungsung prasepuluhan lan pisungsung-mligi, sakehe pisungsung punagi kang pilihan, kang kokpunagekake marang Pangeran Yehuwah.


nanging mung ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah ana ing dhaerahe salah sijining talermu, ana ing kono anggonmu padha nyaosake kurbanmu obaran, lan ana ing kono anggonmu nglakoni sabarang apa kang dakprentahake marang kowe.


Nanging anggonmu mangan iku anaa ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ing panggonan kang bakal kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe, dalah anak-anakmu lanang lan wadon, baturmu lanang lan wadon lan wong Lewi kang ana ing wewengkonmu. Kowe padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, marga saka samubarang kang wus koktandangi.


Balik pisungsungmu kang suci lan pisungsungmu punagi iku padha gawanen menyang ing panggonan kang bakal dipilih dening Sang Yehuwah;


Nanging panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saka ing sakehe talermu kagem padununganing asmane, kagem njejegake asmane ana ing kono, panggonan iku golekana lan iku paranana.


Daginge iku panganen ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, saben taun, iya kowe dalah brayatmu ana ing panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah.


“Kowe elinga sasi Abib lan ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; marga ing sasi Abib iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir ing wayah bengi.


Aja padha mangan sadhengah apa kang mawa ragi; pitung dina anggonmu kudu mangan roti tanpa ragi, yaiku rotining kasangsaran, marga kalawan kesusu anggonmu budhal saka ing tanah Mesir. Iku supaya sajegmu urip kowe elinga ing dina budhalmu saka ing tanah Mesir.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan