Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:19 - Kitab Sutji

19 Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:19
35 Iomraidhean Croise  

kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. Sapa kang tumindake kaya mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.


Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sapuluh.


Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.


Iya aja ngiloni prakarane wong miskin.


Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe, nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.


Wong duraka nampani besel saka ing kanthong, kanggo ndhoyongake kaadilan.


Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.


Ing ngisor iki iya wulang bebasan anggitane para wicaksana, mawang wong ana ing pangadilan iku ora prayoga.


Aja dadi seksi tumrap pepadhamu tanpa sabab, lan ngapusi kalawan lambemu.


Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake, lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes.


Sanyata, tumindak meres iku njalari wong wicaksana dadi gemblung, dene dhuwit besel iku ngrusakake ati.


padha sinaua gawe becik ngudia marang kaadilan, ngendhalenana wong kang ambek siya; mbelanana hake para bocah lola, ngembanana prakarane para randha!


Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau.


Wong kang urip ing sajroning kabeneran, kang tembung-tembunge jujur, kang nampik kauntungan, wohing pameresan, kang ngipatake tangane supaya aja nampani besel, kang nutupi kupinge supaya aja krungu rancangan bab ngwutuhake getih, kang ngeremake mripate, supaya aja sumurup piala,


padha lemu ginuk-ginuk. Kajaba iku uga ngetogake tumindake sakehing piala, ora mreduli marang angger-angger, ora menangake prakarane bocah lola, lan ora mbelani wewenange wong mlarat.


ora nganakake dhuwit utawa njupuk bebathening lintah dharat, ngedohi laku culika, nindakake tatanan kang bener ing antarane wong lan pepadhane,


Ing tengahira ana wong kang nampani besel kanggo ngwutahake getih; sira nganakake dhuwit utawa njaluk anakan tuwin gawe pitunaning pepadhanira kanthi patrap nindhes, nanging sira ora eling marang Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Sira aja ndhoyongake pangadilan, aja ngrewangi wong cilik kang ora samesthine, aja ngiloni para wong gedhe, dipatitis anggonira ngadili marang pepadhanira.


Tangane padha agahan nindakake piala, panggedhe memundhut lan hakim ngarah besel; para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane, lan angger-angger padha dienggak-enggokake.


Pramila angger-angger lajeng ical kakiyatanipun, saha kaadilan boten nate jumedhul, margi tiyang mursid kinepang dening tiyang duraka, njalari medalipun kaadilan kwalik.


Rasul Petrus banjur medhar pangandika mangkene: “Kula sampun saestu mangretos, bilih Gusti Allah boten mbedak-mbedakaken tiyang.


Nanging Rasul Paulus banjur paring pangandika marang wong-wong mau: “Kula sami tiyang Rum dipun sapu wonten ing ngajenganipun tiyang kathah tanpa katiti-priksa, lajeng kalebetaken ing pakunjaran. Sapunika kula sami kaluwaran sidheman? Boten kenging makaten punika. Para pangageng punika supados rawuh piyambak ngirid kula medal.”


Rasul Paulus nuli mangsuli, ature: “Gusti Allah badhe napuk panjenengan, he, tembok ingkang ingusar pethak. Panjenengan lenggah wonten ing ngriki badhe ngadili kula miturut angger-anggering Toret, nanging panjenengan nerak angger-anggering Toret, jalaran dhawuh napuk kula.”


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku Allahe para allah lan Gustine para gusti; Allah kang agung lan kang santosa sarta nggegirisi, kang ora mawang wong lan nampeni besel;


“Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.


Kowe aja nyahak wewenange wong bangsa liya lan bocah lola; lan aja nggadhe sandhangane randha.


Kenaa ing laknat wong kang nyahak wewenang wong ngamanca, bocah lola lan randha. Wong sabangsa kabeh padha sumaura bareng: Amin!


Kenaa ing laknat wong kang nampani opah supaya mateni wong kang tanpa kaluputan. Wong sabangsa kabeh banjur padha sumaura bareng: Amin!


Iki aku ana ing ngarepmu ana ing kene. Kowe menehana paseksen kang nglawan aku ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan ing ngarepe jebadane: Sapine sapa kang wis dakepek? Kuldine sapa kang wis dakepek? Sapa kang tau daktindhes? Sapa kang tau dakkasari? Sapa kang wis tau mbeseli aku kanggo nutupi mripatku? Iku arep dakbalekake.”


Bareng Nabi Samuel wis sepuh, putrane kakung diangkat dadi hakime wong Israel.


Nanging putrane iku tindak-tanduke ora kaya ramane, mburu kauntungan, nampani besel lan ndhoyongake pangadilan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan