Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGANDHARING TORET 16:18 - Kitab Sutji

18 “Kowe ngangkata hakim-hakim lan tetindhih-tetindhih ana ing kutha-kuthamu kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe miturut taler-talermu; iku padha ngakimana bangsa iku kalawan pangadilan kang jejeg.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGANDHARING TORET 16:18
22 Iomraidhean Croise  

– “Wong iki kang patlikur ewu padha ngawat-ngawatana pagawean ing padalemaning Pangeran Yehuwah; kang nem ewu dadia tetindhih lan hakim;


Saka bani Yizhar yaiku Kenanya saanak-anake; iku padha kapasrahan kawajiban njaba ana ing Israel, yaiku dadi juru mranata lan dadi hakim.


Mulane sira, he Ezra, miturut ing kawicaksananing Allahira, kang kokanggo pathokan, sira ngadegna panggedhe-panggedhe lan hakim-hakim, supaya padha ngakimi rakyat kabeh kang manggon ana ing sabrange bengawan Efrat, yaiku wong-wong kang padha sumurup marang angger-anggering Allahira, dene sapa kang durung sumurup iku padha sira wulanga.


Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sapuluh.


Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.


nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.


Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha, samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.


“Kowe wus padha krungu, yen para leluhur padha kaparingan pangandika mangkene: Sira aja memateni, sing sapa memateni kudu diukum.


Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure, kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure: kapir, kudu diukum dening pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake: gemblung, mesthi kacemplungake ing naraka murub.


nanging saben wong uga nggawaa pisungsung sakuwate, cundhuk karo berkah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.”


Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.


Wong kang kumawani ora ngestokake dhawuhe imam kang ngadhep nglakoni ayahane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, utawa marang hakim, wong iku kaukuma pati. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing satengahe Israel.


yaiku marang para imam wong Lewi lan marang hakim kang ana ing wektu iku lan nyuwuna putusan. Iku kang bakal padha mratelakake putusaning hakim marang kowe.


ing kono para tuwa-tuwamu lan para hakimmu padha metua sarta ngukur dohe panggonaning pepati mau tekan ing kutha-kutha saubenge.


“Yen ana wong para-padu sawatara kang padha seba marang pangadilan nyuwun adil, kang bener iya dibenerna lan kang luput kaukuma.


Bareng Nabi Samuel wis sepuh, putrane kakung diangkat dadi hakime wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan